Wednesday, April 6, 2011

Simbah ngebis

Bis Jaya jurusan Madiun – Ponorogo mandeg neng Pasar nDelopo. Ana simbah-simbah mudun ngulungne ongkos neng kondektur.
Kondektur "mBah.. iki ongkose kurang …!
Nenek : "Kurang piye?"
Kondektur: "Ya jelas kurang... mosok Pagutan nDelopo mbayar mangatus?."
Nenek : "Lho.. mau ana bocah mbayar sewu mangatus, terus ana sing sewu?".
Kondektur: "Mbah... sing nganggo kathok clono abu-abu mau cah SMA Geger mbayar sewu mangatus, sing kathokan pendek biru mau cah SMP nDelopo mbayar sewu,"
Simbah: "Lho nek ngono kudune aku gak mbayar.."
Kodektur: "Lha gak mbayar piye?"
Kondektur: "Iya no... lha wong aku kan gak kathokan..."

No comments:

Post a Comment